Brekat Megengan

BREKAT MEGENGAN

Dening: Tiwiek S.A.

 

asane kaya ora kanten ngenteni tekane dina Minggu. Tansah gumawang ing angen-angene Anto kandhane bapake dhek kapan kae.

”Insya Allah, suk tanggal patlikur ngarep iki ngepasi dina Minggu awake dhewe mulih kampung,

Le. Tilik Mbah Wedok karo nyekar neng makame Mbah Lanang.Wis suwe Bapak ra nyekar,” ngono kandhane bapake.

 

Ya wiwit dijanjeni iku Anto terus ngarep-arep tekane dina Minggu tanggal 24 Juli. Anto pancen wis kangen marang simbahe wedok kang urip ijen ing ndesa. Dene simbahe lanang wis tinggal donya nalika Anto lagi kelas nol besar. Saking lawase ora diajak tilik, nganti Anto ora bisa nggambarake kepriye rupane si­mbahe wedok ing wektu saiki. Mesthine ya wis tambah tuwa.
Biyen pancen wis tau dijak tilik. Yaiku nalika simbahe lanang tinggal donya. Saiki wis kelas lima. Ateges wis limang taun kliwat ora tilik ndesa. Saben-saben bapake mung pijer semaya. Alesane durung duwe dhuwit kanggo sangu. Pancen Anto dhewe ya ngerti yen minangka buruh pabrik, wong tuwane ora tau duwe dhuwit turah.

 

Sing tansah ngembangi angen-ange­ne Anto, yaiku critane bapake ngenani pakulinan neng ndesa ngadhepi sasi Pasa kaya saiki iki.

”Pasa sik kurang seminggu, wong-wong wiwit dha slametan. Jenenge slametan megengan,” kandhane bapake.

”Megengan ki apa ta Pak?” pitakone Anto ora mudheng.

”Bapak ya kurang mudheng. Kira-kira basa Jakarta-ne ngendaliin. Ngendaliin segala bentuk kemauan duniawi. Utawa luwih pas ngendaliin hawa nafsu. Kan arep nglakoni ibadah pasa,” katrangane bapake,

”Hla tradisi ndesa, menjelang  Pasa ngene iki dha slametan. Jenenge slametan megengan kuwi mau.”

Anto kelom-kelom nyoba ngramesi katrangane bapake. Ning kok panggah ora mudheng. Ngarepake Pasa, wong-wong ndesa dha slametan. Slametan ki tegese ya apa?

“Pak, slametan ki piye?” sidane ke­peksa takon.

Bapake kukur-kukur sirah. Rada kewuhan olehe arep njelasake. Ning pan­cen ora aneh yen Anto tembung slametan wae ora ngerti. Pancen wiwit lair wis neng Jakarta. Gek neng Jakarta arang ke­prungu tembung-tembung kasebut. Aja maneh nindakake. Wong bapake Anto bae sing genah wong Jawa deles ya ora tau slametan. Isih lumayan Anto ngerti basa Jawa, awit pancen digladhi wiwit cilik. Ora ketang basa Jawane sok-sok kecampuran dialekJakarta.

 

”Slametan ki cara Jakartane … hmm, apa ya … wo anu Le, pesta!” bapake waton njawab.

 

”Pesta?” Anto mlengak.

 

”Hiya, pesta. Ning mung cilik-cilikan. Sing diundang tangga kiwa tengen karo para sedulur sing omahe cedhak.”

 

”Simbah ya nganakke pesta Pak?”

 

”Mesthi bae. Malah biyasane ayam panggange ora mung siji ….”

 

”Ayam panggang Pak?” Anto motong guneme bapake.

 

”Hiya. Slametan megengan kuwi pancen wajib nganggo ayam panggang.   Simbah sok nganggo ayam panggang loro utawa telu. Kan Simbah ingon-ingon ayam kampunge akeh.”
Pesta! Lawuhane ayam panggang. Gek ayam kampung pisan. Neng Jakarta,  ayam panggang regane larang. Luwih-luwih ayam kampung. Anto selawase iki durung tau mangan ayam panggang sing jare enak banget. Anto mung kerep di­critani Fendi kancane sakelas sing anak pejabat.

 

Bapake isih nambahi katrangan,

”Sega sing kanggo pesta diarani sega gurih, sing rasane gurih merga dikaru santen.  Lawuh­an liyane kejaba ayam panggang yaiku srundeng, sambel goreng lan kacang tholo utawa kacang brul sing uga di­goreng.  Isih ditambahi timun minangka lalapan. Ora kena keri yaiku jenang abang putih,  apem wangi lan pisang ayu.”

Anto mung ngowoh ora dhong.

 

”Sawise diujubake lan didongani, asahan mau njur dipurak. Para undangan mulihe digawani brekat sing karan brekat  megengan. Wah, padha-padha brekat, ning brekat megengan ki enak banget Le. Apa maneh yen olehe mangan kanthi puluk dhekem ….”

 

Anto sansaya ora mudheng. Nanging ya saya katetangi pengine tilik simbahe neng ndesa. Njur mangan brekat megeng­an lawuh ayam panggang kanthi puluk dhekem. Kaya critane bapake kuwi. Ndah nikmate! Suk genti arep dipamerake marang  Fendi.

Sidane dina sing diarep-arep teka temen­an. Yaiku dina Minggu tanggal 24 Juli 2011. Mulih sekolah Anto langsung tata-tata. Semono uga mamake. Dene bapake durung mulih. Adakane mulihe jam papat  mengko. Ngenteni jam papat, oh … rasane suwe  banget. Anto kaya ora kanten.
Tenan, wayah jam papat bapake teka. Ebret …ebret … ebret, swarane Yamaha bebek taun 1975-nan sing ditumpaki bapake.

 

”Pak, kabeh wis siap nih. Cepetan dhong!”  pangatage Anto.

 

Bapake mung mesem. Bubar nglebokake motor, tanpa ndadak adus lan nginguk meja makan langsung budhal. Sepure budhal jamlimasaka stasiun Gambir. Yen ndadak adus utawa ndadak mangan, kuwatir kepancal. Untunge mau karo mulih saka kerja bapakewistuku tiket pisan kanggo wong telu. Tiket sepur

Gajayana sing regane larang, sing sejatine dudu ukurane bapake Anto. Jeneh rega tiket telu ajine meh padha karo gajine sesasi.

Hah kowe putuku, wis gedhe kowe Le, ujare si tuwa karo nyelehake tompo isi kenikir, ditinggal nggapyuk putune

Saiba bungahe Anto! Saikiwisneng njero sepur. Saiki klakon budhal tilik si­mbahe neng ndesa. Rencananae, neng ndesa mengko nganti dina Setu. Dina Senen nganti Setu sekolahane Anto pan­cen libur. Yaiku libur khusus awal pasa. Setu sore bali menyang Jakarta, adhaka­ne jam pitu esuk wis tekan. Dadi Anto tetep bisa sekolah, ora kudu mbolos.

Sing diarep-arep, muga-muga tekane ndesa sesuk esuk ngepasi simbahe slamet­­­an megengan. Anto kaselak ngrasakake nikmate maem brekat megengan lawuh ayam panggang.
“Mbah, Simbah! Niki Anto Mbah! Putu­ne Simbah sing teng Jakarta!” cluluke Anto ndhisiki mlebu ngomahe simbahe.

 

Omahe simbahe sepi. Omah kuwi wis lawas, modhele Sinom. Biyen dibangun nalika bapake Anto isih cilik. Saiki wis akeh sing rusak. Gedhege sing saka kepang wis akeh sing kropos dipangan rayap. Latare njembrung sajak ora kopen.

 

“Simbah ra ana Pak,” wadule Anto.

 

“Paling neng tegalan mburi,” tumang­gape bapake karo jumangkah mlebu ngomah.

 

Njero omah peteng, singup lan reged. Bapake Anto mbukaki cendhela. Bareng ana sorot srengenge sing mlebu, swasanane rada bingar sithik. Tas gedhe gawane diseleh amben. Bapake Anto nyoba nginguki kamar. Mamake mung ngawasake.

 

”Tegalan  mburi ki prenahe ngendi Pak?” Anto takon.

 

”Ya mburi omah iki. Golekana mrana, paling simbahmu lagi ramban sayur!”
Anto njranthal mlayu. Tekan mburi omah plingukan. Pancen katon ana wong wadon tuwa lagi methiki kenikir. Ning apa bener kuwi simbahe?  Wonge wis tuwa, kulite kisut, rambute sing mabluk putih digelung munthil.

Anto nyedhak.

 

”Mbah,” panyapane. Wong wadon tuwa kuwi noleh. Rada suwe anggone nyawang  bocah lanang ing ngarepe.

 

“Kula niki Anto. Anake Pak Kasidi Jakarta,” ujare Anto ngaruhake.

 

”Hah? Kowe putuku? Wis gedhe kowe Le!” ujare si tuwa karo nyelehake tompo isi kenikir, ditinggal nggapyuk putune. Dikekep-kekep lan diambungi.

”Simbah pun slametan? Kula selak pengin maem brekat megengan,” Anto mara-mara cluluk.

Simbahe nguwali ang­gone ngekep. Putune kuwi disawang. Ora rinasa mripat cowonge simbah kuwi kembeng-kembeng. Tanpa kumecap Anto dituntun menyang ngomah.

Bapake Anto gage-gage sungkem. Semono uga mamake.

 

“Kok suwe men kowe ra tilik ndesa ta Kas,” panutuhe Simbah. Kasidi, bapake Anto ora tumanggap. Mung tumungkul rumangsa luput.

 

”Aku arep nyekar  Mbok. Apa Lik Jarmi sik dodol kembang boreh?” bapake Anto malah ngalihake rembug.

 

”Jarmi wis tinggal donya. Saiki sing nggenteni anake. Nyekara ngko sore ae. Saiki ngaso-ngasowa dhisik,” krenahe Simbah, ”Iki mau kok anakmu mara-mara takon pa simbah wis slametan. Jare selak pengin mangan brekat megengan.”

 

”Pancen iya. Kan dakcritani tradisi  ndesa yen ngarepake Pasa ngene iki. Umume wong-wong rak dha slametan me­gengan. Segane gurih, nganggo ayam panggang bumbu ladha. Uga dakkandhani nek brekat megengan ki enak banget. Luwih enak tinimbang brekat liyane. Si­mbokwis slametan pa?”

 

Simbahe mapan lungguh. Banjur unjal ambegan landhung.

 

“Wis rong taun iki simbok ra tau sla­metan neng ngomah, Kas. Ora mung si­mbok, warga liyane ya padha wae.”

 

“Lho?”

 

“Iya, saploke ana aturan ka takmir masjid.”

 

“Piye,  ta?”

 

“Piye?  Ya ra piye-piye. Malah entheng, ragade murah. Jajal nek slametan neng ngomah kaya biyen-biyen. Hu … telung atus ewu ra cukup. Rega pitike ae loro wis satus ewu. Durung uba rampen liyane. Gek saiki reregan larang. Durung olehe olah-olah sedina muput!”
Pak Kasidi, bapake Anto kuwi mleng­gong.

 

”Dadi olehe slametan neng masjid, Mbok?” meksa takon.

 

”Hiya. Wektune digilir ing saben er-te. Er-te kene wis wingenane. Saben kepala somah nggawa ambeng, dietung manut batihe. Ning ja dipikir ambenge gedhe kaya umume. Ora, mung cukup takir. Lawuhane ya ora kudu ayam panggang. Cukup endhog dadar. Sing penting ana apeme. Lha Simbok sarehne mung ijen, ya mung nggawa takir siji. Murah, ringkes, ragade ra nganti seket ewu.”

 

“Carane ngujubne piye Mbok?”

 

“Ya kaya umume, ning luwih ringkes. Bedane, jeneng-jenenge sing duwe niyat diwaca siji-siji.

Rampung didongani, ambenge dipurak.”

 

Kasidi lenger-lenger. Babarpisan ora ngira, ing desane sing adoh karo kutha, cara memikir praktis wiwit dicakake. Bab-bab sing mambu tradisi wiwit ditinggalake.

 

“Anto, sory ya. Pangarep-arepmu mangan brekat megengan kaya sing dicritakne Bapak wingi ora keturutan. Lha jebule neng ndesa kene aran brekat me­gengan mung kari  dedongengan,” ujare bapake.

 

Anto katon gela.

 

 

(Cuthel)

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s